HA : hanakna urip ira kang sejati
NA : ningna dawuhe pengeran
CA : cakepa piwulang sepuh
RA : Rasakna singnganti tembus
KA : kalimput kalingkalingan padang
DA : dalane dumadi sing endi
TA : tatang titis tetengono
SA : sasapana barang sing murni
WA : wadahana ilmu sejati
LA : lali iling samestine
PA : patrap mupuk inahana
DA : dasarana sabar lan iling
JO : jajangana mumpung isih urip
YO : yektine tindak ira
NYO : nyatakna pribadimu
MA : mertobato mring kang gawe urip
GA : gagapana bener lan luputmu
BO : bapa biyung kaweruhana
THA : thathuknya supaya ketemu
NGA : ngalumpuke sakaliring dumadi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar